WAYANG PURWA

Disini blog ini akan menjelaskan secara singkat bagaimana sejarah yang namanya "Wayang Purwa" dengan Bahasa Jawa , Simak ya ?  😊😊😊😊😊😊😊😊😊


WAYANG KULIT PURWO

      

       Jar’e purwa iku digawe mbedakno wayang jenis iki ambek wayang kulit liyane.Akeh wayang kulit iku koyok wayang wahyu ,wayang sadat ,wayang gedhog ,wayang kancil,wayang pncasila lan liyan-liyane.Purwa berarti wiwit , wayang purwa diperkirakno duweni umur paling tuo ing antarane wayang kulit liyane . Kemungkinane wacana onok e wayang kulit purwa iso didelok onoke prasasti ing abad 11 yaiku pas zamane pemerintahan Erlangga seng nyebutna


HANONTON RINGGIT MANANGIS ASEKEL MUDA HIDEPAN , HUWUS WRUH TOWIN JAN WALULANGAN INUKIR MOLAH ANGUCAP



Sing artine :
Onok wong delok wayang iku sampek nangis , lan ngersula atine . Masio dekweke wes mangerteni sing didelok iku  kulit seng di ukir bentuk uwong sing iso wicara lan gerak

          Wayang purwa iku biasane nggunakno crita Ramayana lan Mahabarata , lha lek wes maerambat ing crita Panji biasane disajaekno ambek wayang Gedhog . Wayang kulit purwa iku onok sing tekan gagrak kayata :

1.      Gagrak Kasunan
2.      Gagrak Mangku negaran
3.      Gagrak Ngayogyakarta
4.      Gagrak Banyumasan
5.      Gagrak Jawatimuran
Lan liyan – liyane

       Wayang kuit purwa kuwi saka kulite kerbau seng ditata lan diwenei werna seng cocok karo kaidah pulasane wayang pedalangan , diwenehi tangkai saka bahan tanduk e kerbau bule ,terus diolah seng didadekna asmane cempurit yaiku saka tuding lan gapit


      Wektu masa perkembangane bentuk bangunan wayang iki ngerasakna perkembangan  pergeseran saka tradisi sing anyar . Pas wektu zamane Keraton Surakarta wes jaya – jayane nggawe wayang sing ukurane luweh gedhe seng diwenehi jeneng Kyai Kadung , paling seng ngalami para dalang –dalang iku khususe Surakata . Kayata Alm . Ki Mulyanto Mangkudarsono dari Sregen , Jawa Tengah nggawe raksasa sing ukurane 2meter ambek bahan 1 lembar kulit kebo gedhe . Karya iki diturunake ambek Dalang Enom laine sing termasuk iku Ki Entus saka Tegal , K Purba Asmara saka Surakarta ,Ki Sudirman Ska Sragen lan liyan liyane.

Komentar